KARMA
Amir : kang, kwe jane kenopo? Biasane jam semene belajar,
kok dungaren saiki gak?
Nafar : Gak popo.....
Amir : Lagi gak dwe dwet ta? Ki...
aku ono.
Nafar : Gak kang. Aku iseh nduwe.
Amir : Lha trus? kok merenung?
Lagi ono masalah opo?
Nafar : He’eh...aku bingung pirang-pirang tahun aku neng
pondok. Belajar yo uwis,ngaji gak tau absen. Tapi kok yo gak iso-iso. Opo
pancen kakehen duso?
Amir : Akeh sepiro leh? Gak ono duso sing disepuro pengeran
kecuali syirik. Pean lali karo syi’irane imam Busyiri,
يا نفس لا
تقنطي من زلة عظمت # ان الكبائر في الغفران كاللمم
لعل رحمة
ربّي حين يقسمها # تأتي على حسب العصيان في القسم
“wahai jiwaku, jangan
engkau berputus harapan pada tuhan karena dosa besar
sesungguhnya dosa
besar itu bagaikan dosa kecil di hadapan maghfiroh tuhan
mungkin saja ketika
tuhan membagikan rahmat-Nnya, aku mendapat bagian yg sepadan atas dosa –
dosaku”
gus Alex : Halah!! dasare dedel yo tetep dedel. Gak bakal dadi pinter.
Amir : Ojo ngono a kang!!
Gus Alex : Delok ae a...mosok mWUondok pirang-pirang tahun gak ono
ilmu seng melbu blas.
Amir : Yo mungkin ae durung
difutuh karo pengeran.
Gus Alex : Berarti dawuh جد وجد من kleru?
Amir : Lho... kok kleru iku?
Gus Alex : Iyo a...Delok ae sak durunge subuh wis tangi, ngapalno.
Ameh ngaji subuh yo ngapalno neh. Isuk, awan, sore, bengi, yo belajar.
Koyo-koyo uripe mung
kanggo belajar. Tapi kenyataane? Dibedeki yai yo gak tau iso. Nek gak dedel opo
jenenge? Jahil murokkab??
Amir : Wis kang, aku yo ngerti nak sampean gus, dibedekki
yai yo akeh isone.
Gus Alex : Lha kenyataane piye? Aku iso kan? Senajan aku tura-turu,
meta-metu, ngopa-ngopi, sing penting kan
iso. Gak koyo ndekne.
Amir : tapi yo ojo ngono a...peh pinter trus maidu anake
wong sak geleme
Gus Alex : Aku gak maidu, Aku muk...
Amir : Opo?!!!
Nafar : Wis a kang ... nek keterusen dadi
ribut...
Amir : Tapi...
Nafar : Wis, aku gak popo, pancen kenyataane koyo ngono.
Gus Alex : Yo kan? Wonge ae wis ngakoni nek...
Amir : Kang!! Wis!! Iso meneng
pora?!
Nafar : Mpun gus, ngapuntene!!
Gus Alex :dedel kok dirumat
Amir :kang!!! Ngomong maneh...
Gus Alex :opo?!!!! Nantang?!!!!
Keni :woooooeeeeee mandek po ra??!! Gerang2 kok do geger
koyo cah bayi. Wes, ndang lungo...!!!!
(Gus pergi keluar)
Nafar : Pancen kang, sing di omongno gus Alex bener.
(diam semua, sejenak).
Nafar : Biyen aku pancen nakal, sholat yo jarang, tapi opo
aku gak oleh berubah? Aku yo menungso kan? Kawulane pengeran tho? (menangis).
Amir : Wis kang...kabeh menungso yo tau salah. Malah apik
sampean wis gelem berubah.
Nafar : Terus kenopo aku isih goblok ae...????
Amir : Cubo kang, iki kabeh cubo ko pengeran. Nek pean iso
ngliwati, pean iso khasil. (Cerpen ibnu hajar).
Wis, tenangno sek ati pean.
(Amir out)
Off 1
(Beberapa hari kemudian).
Amir : Kang...kang... rene sek kang!! Pean ameh neng ndi?
Kok mbolak – mbalik koyo setriko???
Nafar : Aku ameh sowan yai.
Amir : Lha... ono opo??!
Nafar : Aku durung iso cerito sak iki. Pean gelem mbaturi kang?
Amir : Ayo!!
(berdua menuju ndalem).
Nafar : Assalamu’alaikum kang.
Zaed : Wa’alaikum salam Wr. Ono
opo kang?
Nafar : Anu kang,.. Aku ameh sowan abah.
Iso?
Zaed : Walah kang, abah lagi istirahat. Nek rodok awan piye?
Amir : O... nek sak iki opo gak iso kang?
Zaed : Emange ono opo eg? Nek gak penting nemen gak iso kang.
(Gus datang)
Gus Alex : Kang Zaed... Aku ameh sowan yai.
Zaed : Nggih gus, sekedap, kulo tak matur riyen, kerso nopo
mboten.
(Nafar & Amir geleng-geleng kepala).
Zaed : Monggo gus. Pean sisan
kang. Ayo!!
(yai Dullah rawuh)
Yai : Ehm... ono opo le?
Gus Alex : Anu bah... kulo bade sowan boyog
bah.
Yai : (Manggut-manggut) lha
belajarmu piye?
Gus Alex : Mpun rampug bah
Yai : Terus, nak bar muleh ameh lapo?
Kerjo? Rabi? Opo mondok neh?
Gus Alex : Dereng wunten pikiran bah.
Yai : Lho piye to le... Abahmu biyen wis masrahno
kuwe, pokoke terserah aku. iku pesene abahmu le. Opo kuwe wis
siap ngganteni abahmu?
Gus Alex : (Terdiam) dereng bah.
Yai : Nek kuwe durung siap, kok mekso
bali, terus abahnu njaluk pertanggung-jawaban, Lha opo sing ameh tak aturno?
Wis balio kamar!! Kelonono kitabmu!!
Gus Alex : (dg jengkel) nggeh bah
(gus
out)
Yai :lha
kuwe ono opo le?
Amir :Niku
yai... kulo namung ngeter sholeh sowan.
Yai :o...
ono opo le??
Nafar :sak
derenge, kulo badhe matur riyen yi...
Yai :yo...
ngomongo!
Nafar :kolo
wingi dalu, kulo diimpeni simbah Rosyid.
Yai :kuwe
diimpeni abah? Sek.. sek.. jenengmu sopo mau?
Nafar :Nafar yi
Yai :(manggut2)
terusno le...!
Nafar :teng
mimpi, kulo diparingi tongkat terus di utus sowan boyong. Pripun bah?
Yai :(terdiam
sejenak) aku ndek bengi yo di temoni abah. Abah ngendikan, nek sesok ono cah
santri seng ameh sowan boyong. jenenge sholeh. Abah pesen, nek wes tekan omah,
ojo lali mbangun kandang. Wes wayahe sapimu di ngon. Ngerti tho karepku?
Nafar :nggeh
bah.
Yai :yo
wes. Pesenku, openono sapimu seng apik.
Nafar :Nggeh
bah. Kulo pamit riyen. Assalamu’alaikum.
Yai :ati
– ati le. Wa’alaikumussalam warohmah
J J J
Zaed :lho... gus, njenengan kok mbeto tas?
Kajenge teng pundhi tho gus?
Gus Alex :aku
ameh bayong kang. Tapi kuwe ojo crito sopo –sopo yo!! Anggep ae gak tau ngerti.
Zaed :nggeh
gus. Tapi kengeng nopo gus? Kok mendadak men?
Gus Alex :Gak
po2 kang. Pokoke eleng2 pesenku mau.wis aku tak berangkat sek kang.
Assalamu’alaikum
Zaed :wa’alaikumussalam
J J J
Nafar :aku
barangkat saiki kang.
Amir :pean
wis mantep karo pilihan pean. Aku yo gak iso ngalang2i. Yo tak dungakno pean
kasil.
Nafar :amin
(nafar dan amir berangkulan)
Nafar :assalamu’alaikum
kang
Amir :Wa’alaikumussalam
warohmah
J J J (off 2)
Gus Alex :Assalamu’alaikum
umi’...
Umi’ :wa’alaikumussalam..
oalah le... melbu le!!!
(setelah
diberi minum)
Umi’ :piye
mondokmu le??
Gus Alex :mpun
lulus mi.. eh mi... kok kadose sepi?? Abah pundi mi?
Umi’ :(nangis)
le...
Gus Alex :kok
umi’ nagis?? Wonten nopo mi??
Umi’ :abahmu
wes madep le...
Gus Alex :madep?
Umi’ :abahmu
wes madep pengeran le.. wes oleh sewulan.
Gus Alex :mi,
ampun guyon a...
Umi’ :seng
sabar le...
(menangis
bersama)
(malam
harinya)
Umi’ :le...
rene le...!!! umi pengen ngobrol.
Gus Alex :dalem
mi... wonten nopo???
Umi’ :piye
perasaanmu? Wes rodok kepenak???
Gus Alex :alchamdulillah
sampun lumayan mi.
Umi’ :le.. mulai abahmu kapundut sampek saiki, durung
ono seng nglungguhi kursine. Lha, pean kan wes lulus, dadi wes sak pantese nek
pean seng nerusno. Iki kewajibanmu le..
Gus Alex :tapi
mi... kulo dereng siap
Umi’ :aku
yo ngerti nek jiwamu iseh labil. Tapi, gelem gak gelem, akhire pean yo kudu
ngerti. Makane umi ngomong saiki. Pean pikir2
disek yo le??
(umi
out)
Gus Alex :umi
piye lech????!!! Aku durung siap kok dipekso... gelem opo gak kan terserah aku.
Nek ngene carane, mending aku lungo. Neng pondok karo neng omah kok podho ae...
(gus
minggat) (off 3)
J J J
Nafar :aku
diutus yai nggawe pondok. Senajan aku iseh rumongso bodho, tapi iki amanah.
(nafar nggawe pondok. Plange cilik)
Tamu :assalamu’alaikum...
Nafar :wa’alaikumussalam
warohmah. Monggo pak.. wonten nopo pak??
Tamu :lho
kang, njenengan ndamel pondok ta???
Nafar :nggeh
pak. Amanahe yai kados ngoten.
Tamu :oo...
nek ngoten, kulo kajenge titip lare kulo kang.
Nafar :o...
nggih pak. Monggo!!!
Tamu :nek
ngoten kulo langsung pamit riyen mawon kang... assalamu’alaikum
Nafar :nggeh..
nggeh... wa’alaikumussalam warohmah.
(ditelfon
yai)
Nafar :assalamu’alaikum.
Yai :wa’alaikumussalam
warohmah. Iki aku le..
Nafar :oo...
yai..
Yai :piye
kabarmu le??
Nafar :alchamdulillah
sae yi
Yai :le… olehmu mbangun pondok yo wes
bener. Tapi, plange kok mok cilik?? Pesene abah, gedhekno lawangmu, rumaten
sopo ae seng moro. Ojo di sio2!!!
Nafar :nggeh
yi
Yai :yo
wes, gek ndang pasang seng gedhe..!!! assalamu’alaikum
Nafar :nggih
yi... wa’alaikumussalam warohmah
Nafar :le...
plange kae ganti seng gedhe yo... nek wes, ndang siap2. Ngko bengi wes langsung
ngaji yo.
Santri :nggeh...
(naliko
ngaji)
Nafar :lho...
kae kok koyo gus fajar yo... jajal tak undange... gus!!!
Gus Alex :Nafar??!!
(nengis ngrangkul Nafar).
Sepurane far... aku wes akeh salah karo kuwe.
Saiki aku kenek karmane.
Nafar :mpun
gus. Gak ono seng ngerti skenarione pengeran. Pean yo wes tak sepuro..
Gus Alex :matur
suwun far... keadaanku saiki koyo ngene..
Nafar :kok
saget gus.???
Gus Alex :pas
gak pareng boyong yai, aku mbedal. Tekan omah, abah yo wes kapundut. Terus umi
mekso aku kon neruske pondoke abah, tapi aku durung siap. Akhire aku minggat.
Aku luntang – lantung nek dalanan. Sampek akhire aku dadi pemulung... hhhhhhh
pirang2 duso kulo gusti...
Nafar :mpun
gus. Ngeten mawon. Pean nderek kulo mawon,berjuang bareng2 ndidik umat
Gus Alex :aku...
aku ngroso gak pantes...
Nafar :gus...
gak ono seng gak pantes neng ngarsane pengeran.
Gus Alex :he’em...
tapi aku ngroso durung siap. Opo maneh keadaanku iseh koyo ngene...
Nafar :mboten
pean seng kudu siap. Seng penting tulus. Mulang tanpo pamrih, berjuang sampek
nggetih. Seng penting, niat namung nggolek ridhone pengeran.
Gus Alex :(manggut
– manggut)
Nafar :pean
siap?
Gus Alex :yo...
aku siap. Matur suwun leh...

The END
0 komentar:
Posting Komentar